Senin, 09 Juli 2012

Patih Sengkuni Duwe Gegayuhan Nguwasani Astina

Patih Sengkuni Duwe Gegayuhan Nguwasani Astina


Sengkuni utawa Sakuni ing Mahabarata dikenal minangka raja ing krajan Gandaradesa lan jejuluk Prabu Gandara.
Ananging ing pedhalangan mung sinebut Sengkuni. Ing Purwacarita dikenal kanthi aran Trigantalpati. Dene ing Pustakaraja jenenge Arya Suman.
Ing crita wayang Jawa, Sengkuni kuwi anake Prabu Keswara, raja nagara Gandaradesa. Anake Keswara yaiku Arya Gandariya, Dewi Gendari/Gandari, Arya Sarabasata, Arya Sakuni lan Arya Gajaksa. Arya Sakuni duwe sisihan aran Dewi Sukesti lan duwe anak Surakesti.

Dene ing jagad pedhalangan, Sakuni duwe anak telu yaiku Arya Antisura, Arya Surabasa lan Dewi Antiwati kang banjur dadi sisihane Udawa, patih ing krajan Dwarawati.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, sawijining dina Arya Sakuni antuk warta yen ing nagara Mandura/Matura ana sayembara perang tandhing kanthi bebana Dewi Kunti/Dewi Prita kang banget sulistya ing rupa.
Sakuni kepengin melu mupu sayembara iku. Sabanjure Sakuni mangkat menyang nagara Mandura dikancani sedulure wadon, Dewi Gendari. Ananging tekane telat, sayembara wus kasil dimenangake dening Pandhu lan Dewi Kunti wus kaboyong tumuju Astina.
Sakuni banjur nyusul lan kasil nemoni Pandhu ing dalan. Dewi Kunti banjur dijaluk dening Sakuni, ananging Pandhu tetep ora gelem masrahake. Wusanane dadi perang tandhing antarane Pandhu lan Sakuni. Sakuni kalah lan banjur masrahake sedulure, Dewi Gendari, marang Pandhu. Pangajabe, Dewi Gendari bisa palakrama kalawan Pandhu, kang ing tembe mburi bakal sinengkakake nglenggahi dhampar keprabon Astina.
Ananging, wusanane Dewi Gendari dipilih dening Drestarastra supaya dadi sisihane. Karana iku Sakuni banjur dumunung ing Astina. Sakuni krasa wis digawe gela dening Pandhu. Dene Pandhu dhewe sabanjure diangkat dadi raja Astina jejuluk Prabu Pandhudewanata. Ananging paprentahane ora suwe.
Sawise Pandhu surut, dening Begawan Abiyasa krajan Astina dipasrahake marang Drestarastra. Sakuni banjur nyumadhiyakake sakabehe kanggo minangkani gegayuhane nguwasani krajan Astina.
Lumantar maneka rupa akal, apus-apus lan pitenah, Sakuni kasil nyingkirake menteri Purocana kang mati kobong ing lakon Bale Sagalagala. Kanthi mangkono Sakuni kasil nglenggahi kursi mahapatih Astina nalika Drestarastra nyekel paprentahan krajan Astina sakpatine Pandhu.
Anak turune Drestarasta, ya Sata Kurawa, sabanjure sinengkakake ngaluhur minangka para pangeran Astina. Pambarepe Kurawa, Duryudana, sinengkakake minangka Prabu Anom/Pangeran Adipati, calon raja Astina. Dene para Pandhawa kasil disingkirake saka Astina, saengga Prabu Duryudana bisa nyekel paprentahan Astina.
Sakuni ora mung prigel lan wasis babagan paprentahan lan tatapraja, ananging uga prigel olah kaprajuritan. Sakuni duwe pusaka arupa cis utawa tombak cendhek kang duwe kasekten bisa nekakake banyu yen ditancepake ing lemah.
Nalika prastawa pahargyan Krukmandala, Sakuni wani nerak paugeran tata susila tumrap Dewi Kunti. Kembene Dewi Kunti mbukak nalika mberot saka cekelane Sakuni. Dewi Kunti banjur ngucap sumpah ora bakal nutupi dhadhane yen durung disarati kemben saka kulit awake Sakuni.
Ing tembe mburine, ing perang Baratayuda, Sakuni kasil diperjaya dening Bima. Sumpahe Dewi Kunti bisa kasembadan ing babak pungkasan perang Baratayuda kang sinebut lakon Rubuhan. Sakuni metu ing palagan perang Baratayuda mimpin wadyabala saka Gandaradesa.
Ing paprangan iku, sedulur lan wadyabala senapati andhahane akeh sing mati. Kanthi numpak kreta perange, kang sawanci-wanci bisa dadi prau, Sakuni banjur nancepake sanjatane arupa cis ing lemah. Saknalika palagan perang katekan banyu kayadene banjir. Palagan paprangan banjur malih kayadene samodra.
Sahadewa kang meruhi klelepe para prajurit Pandhawa banjur nglepasake panahe. Saknalika palagan perang dadi garing maneh. Wusanane Sahadewa kasil njebol kreta perange Sakuni. Sakuni banjur diglandhang metu lan banjur diajar dening Sahadewa. Ananging karana culikane, Sakuni kasil mlayu lan ngendhani cengkremane Sahadewa.
Bima kang tansah waspada meruhi polah tingkahe Sakuni lan banjur ngoyak playune. Bima kasil ngrangket Sakuni, sabanjure Sakuni diperjaya dening Bima lan kulit awake banjur dibeset. Kulite Sakuni dipasrahake marang Dewi Kunti kanggo minangkani sumpahe. Mayite Sakuni banjur dijur kanthi gada sektine Bima, gada Rujakpolo.
Wandane Sakuni iku Boreh, Tanggap, Climut, Mlenyak kang nggambarake watake kang trengginas, pinter micara, ala atine, culika, julig, candhala, dengki, jahil methakil, srei lan dahwen open.
Dedeg piyadege wungkuk, kempong, perot lan thuyuk-thuyuk. Kridhane Sakuni dicritakake ing lakon Pandhawa Dhadhu, Gandamana Luweng, Duryudana Gugur utawa Rubuhan lan Sengkuni Gugur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar