Senin, 09 Juli 2012

Bathara Kamajaya Dadi Pralambang Priya Kang Sampurna

Bathara Kamajaya Dadi Pralambang Priya Kang Sampurna by wayang in Wayang Jawa Bathara Kamajaya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Sanggani. Dewi Sanggani dhewe ora liya putrane putri Sanghyang Wenang kang kaping sanga. Bathara Kamajaya iku kondhang duwe pasuryan kang bagus banget, dedeg piyadege uga sampurna. Yen ing arcapada ana Arjuna kang dadi pralambange priya kang sampurna pasuryan lan dedeg piyadege, ing Suralaya ana Bathara Kamajaya. Kayangane sinebut Cakrakembang. Prameswarine asma Dewi Ratih, yaiku putrane putri Bathara Soma. Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, pasangan Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau cecongkrahan, siji lan sijine padha percayane, siji lan sijine padha tresnane, saengga menjila dadi pralambang wong mbangun bale somah kang samesthine. Bathara Kamajaya iku tresna banget marang Arjuna, lan tansah sumadya mbela lan mbiyantu Arjuna. Ing lakon Cekel Indralaya, Bathara Kamajaya njaga ajining dhiri Dewi Wara Sumbadra, amarga Arjuna katemben nglakoni tapa brata ing pertapan utawa padhepokan Banjarmelati. Ora anane Arjuna ing sisihe Dewi Wara Sumbadra dimumpangatake dening para Kurawa kanggo nggodha Dewi Wara Sumbadra kang dumunung ing Banoncinawi. Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa murca lan Arjuna jumeneng nata ing Kaindran, Bathara Kamajaya mbela krajan Amarta saka pangrabasane Kurawa. Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih kondhang lan dikenal banget dening sakabehing warga Nuswantara, saengga menjila panemu kang dadi perangane kapercayan yen ana sawijining wanita kang ngandhut jabang bayi sepisanan, diprelokake sarat arupa woh klapa gadhing kang isih enom utawa cengkir gadhing kang banjur kudu digambari Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih. Pangajabe, murih anak turun kang bakal lair saka guwa garbane wanita mau yen lair priya bisaa bagus banget kayadene Bathara Kamajaya, lan yen lair wanita bisaa sulistya ing rupa kayadene Dewi Kamaratih. Sarat cengkir gadhing digambari Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih iki kudu disumadiyakake ing adicara tingkeban, yaiku slametan nalika kandhutan umur pitung sasi lan wolung sasi. Pusakane Sanghyang Kamajaya arupa arupa panah kemayan cakrakembang, yaiku panah kang wujude kayadene kembang pancawisaya. Ing lakon Cakrakembang, Bathara Kamajaya antuk jejibahan nggugah Bathara Guru kang katemben mbangun tapa. Bathara Guru kudu digugah saka tapane amarga Suralaya katekan wadyabalane raseksa Kala Nilarurdaka kang gawe dredah lan rusaking Suralaya. Kanthi sarana panah sekti kemayan kembang pancawisaya, Bathara Kamajaya kasil nggugah Bathara Guru kang gentur tapane iku. Bathara Kamajaya asring mudhun ing arcapada kanggo mbiyantu Arjuna lan paring pituduh marang Arjuna yen satriya Pandhawa iku katemben ngadhepi reridhu. Yen katemben mudhun ing arcapada, Bathara Kamajaya tansah malih rupa dadi raseksa alasan kang dikantheni sisihane kang arupa raseksi. Ananging kadhangkala Bathara Kamajaya uga malih rupa dadi macan kumbang. Ing lakon Partadewa, nalika Arjuna dadi raja tumrap para widadari ing kayangan Tinjamaya, jejuluk Prabu Kiritin, ndadekake praja Amarta ora ana kang mimpin. Jumenenge Arjuna dadi raja ing kayangan Tinjamaya nyebabake Puntadewa, Werkudara, Nakula lan Sadewa ninggalaka karaton Amarta kanggo ngudi dununge Arjuna. Nguningani yen krajan Amarta ora ana sing mimpin, Bathara Kamajaya ora tega, wusanane Sanghyang Kamajaya mudhun ing arcapada lan jumeneng nata sauntara ing krajan Amarta, jejuluk Prabu Partadewa. Ancase mung pengin njaga nagara Amarta supaya ora dirabasa lan dijeki dening para Kurawa. Sawise Puntadewa, Werkudara, Nakula lan Sadewa kasil nemokake Arjuna lan padha nglumpuk maneh ing Amarta, Bathara Kamajaya masrahake kalenggahan nata ing Amarta marang Prabu Puntadewa. Wandane Bathara Kamajaya iku Kinanti. ::Ichwan Prasetyo::

Tidak ada komentar:

Posting Komentar