Rabu, 23 Mei 2012

TULODHA ATUR SABDA TAMA


Minangka pamundutipun para kadang sutresnaning budaya jawi, menika tuladha atur sabda tama kangge ular-ular ing saklebeting pahargyan temanten.

Assalamu,alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, kalawau kadang pranatacara nyebataken bilih kula ingkang badhe paring sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumateng temanten sarimbit. Pancenipun dereng darajat menawi kula paring sabdatama, jer demung Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi naming Pangeran ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhateng salah satunggaling Raja ingkang nembe siniwaka. Mbok menawi tembung sabdatama ing riki, mengku teges wulang utami dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahnya ing serat-serat suci.
Sanadyan kanthi awrating manah, karana ing mriki kathah rawuhipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, saha para wasis babagan wulang utami, parikedah boten saged hambantah, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan, jer nyatanipun sanadyan langkung wasis tuein pinter anakmas temanten sekaliyan menawi kaliyan kula, nanging tumraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok menawi menika ingkang kangge gada supados kula kapeksa suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh. Punapadene panjenenganipun para tamu ingkang satuhu luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining purug anggen kawula hamakili panjenengan sadaya, suka wawasan tumrap theg kliweripun patembayatan bebrayan enggal.

Anakmas temanten sarimbit,
Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika salah satunggalipun kedaha nindakaken pakarti gangsal prekawis ingkang sinebat Malima. Malima ing mriki saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu.

Mlumah, punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

Mengkurep, punika ngurepaken asta, tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika senenga paweweh marang liyan sing tanpa pamrih. Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulung, nanging aja nganti diweruhi dening wong akeh. Upama nindakake dana driyah, tangan tengen menehi dhuwit, paribasane tangan kiwa aja nganti weruh.
Modot, punika modot pikirane, modot nalare, tegesipun dados tiyang tumitah wonten ing alamdonya punika kedah tandah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

Mlebu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lerekipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken dhateng manah utawi sanubari, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.

Metu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Kajawi nindakaken Malima, resepipun bebrayan sae, punika kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila.
Miturut ngendikanipun Ki. Sri Sadhono Among Rogo, Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan makarti punika kedah manut raosipun piyambak. Menawi tumrap raosipun piyambak boten sakeca lan prayogi, sampun dipun cakaken dhateng tiyang sanes.
Dana ing tepa tegesipun raos pangraos makaten punika, kula aturi ngecakaken ing bebrayan agung, adatipun saged sumingkir saking watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen.
Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhateng garwa, martobat sampun tuman rabi malih, rila legawa narima trusing batos garwa satunggal boten telas salamanipun, adatipun saged nyaketaken tresna bektinipun garwa Putri, semanten ugi, adatipun saged nyaketaken sih tresnanipun kakung.

Kajawi punika ugi kedah nindakaken Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun punika bagus/ayu piyambak.
Sajiwa, tegesipun kedah saged momong watak, satunggal-satunggalipun.
Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.
Saekapraya, tegesipun kedah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.

Hambok bilih namung semanten kemawon anakmas temanten, menggah anggen kula suka wawasan saha nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Minangka puputing atur, menawi wonten keladuking pangucap saha kiranging seserepan babagan wulang utami nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.
 sumber diambil dari: karatonsurakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar